Featured blog image

Pesan Penting Maulid Nabi Muhammad SAW

Muhasim

Penulis



PIMPINAN ANAK CABANG

MAJELIS DZIKIR DAN SHOLAWAT

‘’RIJALUL ANSOR’’

KECAMATAM KERTEK MASA HIDMAHT 2024-2027

KHUTBAH I

Pesan Penting Maulid Nabi Muhammad SAW


 اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار، أما بعد، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ

Para Sedhèrèk Muslim, Jamaah  Jum’at  Rohimakumullah

Minangka Pambukaning Atur, Mangga Kita Sami  Tansah Ngunjukaken Raos Syukur Wonten Ngarsa Dalem Allah SWT., Awit Sampun Kathah Nikmat Peparingipun Dhumateng Kula Dalasan  Panjenengan Sedaya.

Sak Lajengipun, Minangka Pendhèrèkipun Ingkang Tansah Setya Tuhu,  Mangga Sareng-Sareng Atur Shalawat Dalasan Salam  Kunjuk Dhumateng Rasulullah Muhammad SAW., Sumarambah Dhumateng Para Keluwarga Para Sahabatipun, Para Tabi’in, Ugi Para Tabi’utabi’in Ngantos Dumugi Akhir Zaman.

Minangka Jangkeping Rukun Khotbah, Al Fakir Khotib Mboten Bosen-Bosen  Tansah Atur Pémut Dhumateng Diri Kula Piyambak, Sumarambah Dhumateng Para Jamaah Jum’at, Kanthi Atur, Sumangga Tansah Ngiyataken Iman, Nambahi Jejeging Taqwa Kita Dhumateng Allah SWT., Jumbuh Kaliyan Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.:

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ

“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal hangganti kanisthan mau. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi kelakuan kang becik.” (HR Tirmidzi ).

Ing Satunggaling Ayat, Allah SWT Sampun Paring Firman Makaten:

….وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَاأُوْلِي اْلأَلْبَابِ

 “….Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Ing Wekdal Menika Kita Sampun Ngancik Jum’at Kaping 3 Ing Wulan Rabiul Awwal, Wulan  Wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.. Maulid Nabi Minangka Momentum Penting Tumarap Kita Kanggé Ngémuti Malih Dhumateng Panutan Gesang Kita. Handadosaken Penjenenganipun Minangka Satunggaling Sosok Gegebengan, Modèl Perilaku Menapa Déné Suri Teladhan (Uswah) Ing Salebeting Semukawis Panggesangan.

Satemenipun Mapan Ing Salebeting Dhiri Rasulullah SAW.  Wonten Suri Patuladhan Ing Babagan Mangun Baléwisma, Bebrayan Ageng, Menapa Déné Mangun Negari.

Para Sedhèrèk Jamaah Jum’ah  Ingkang Kinurmatan

Salah Satunggaling Aspèk Patuladhan Rasul SAW.  Ingkang Ing Wekdal Menika  Penting Dipun Wujudaken, Inggih Menika Patuladhan Kepemimpinan.  Rasulullah Muhammad SAW. Boten Namung Dados Pemimpin Spiritual (Za’îm Rûhi), Ananging Ugi  Pemimpin Politik (Za’îm Siyâsi). Ing Konteks Wekdal Samenika, Panjenenganipun Saget Sinebat Minangka Pemimpin Negari (Ra’îs Ad-Dawlah). Allah Subhanahu Wa Ta’ala Paring Firman Makaten:

وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ رَسُولٍ إِلَّا لِيُطَاعَ بِإِذْنِ اللَّهِ

Lan Ingsun Ora Ngutus Sawijining Utusan Kajaba Mung Supaya Dièstokaké (Ditha’ati) Klawan Idzining Allah…. (TQS An-Nisa’ [4]: 64).

Rasul SAW.  Ugi  Paring Patuladhan, Ing Babagan Kepripun Hanglampahaken Sistem Pemerintahan Islam. Panjenenganipun Ugi Hambangun Struktur Negari. Panjenenganipun Milih Lan Mangangkat Para Panguwaos, Saé  Mu’awin, Wali Menapa Déné ‘Amil. Panjenenganipun Hamilih Lan Mangangkat Para Panglima Lan  Komandan Pasukan. Panjenenganipun Yasa Kepolisian Lan  Mangangkat Kepala Polisinipun. Panjenenganipun Mangangkat Qâdhi (Hakim) Kanggé Pinten-Pinten Wilayah. Panjenenganipun Ugi  Mangangkat Para Pegawai Administratif Ingkang  Sinebat Kâtib Kanggé Sawetawis Urusan. Sedayanipun Niku Wau Minangka Penjelasan Tumrap Kewajiban Ngetrapkan Hukum-Hukum Islam.

Minangka Kepala Negari Ing Madinah, Rasul SAW.  Mangetrapaken Syariah Islam Kanthi Totalitas, Wiwit Awal Ngadegipun Negari Islam. Panjenenganipun Mangetrapaken Syariah Kanthi Konsisten Lan  Tanpa Pandhang Bulu. 

Rasul SAW.  Ugi  Manunggalaken Lan  Manglebur Masyarakat Ingkang  Panjenenganipun Pimpin, Dados Setunggal Kesatuan Umat Kanthi Ikatan Ingkang  Kokoh, Ingih Menika Ikatan Akidah Islam. Panjenenganipun Ugi Mangleburaken Ikatan-Ikatan ‘Ashabiyyah Jâhiliyah, Kadidéné Ikatan Kesukuan Lan  Kebangsaan.

Sanèsipun Menika, Rasulullah SAW.  Mimpin Umat Ing Pangangkah Kanggé Nindakaken Misi Agung Manyebaraken Islam Tumuju Ing Saindhenging Jagad Kanthi Dakwah Lan  Jihad. Awit Karana Dakwah Menika Ugi, Islam Dumugi Ing Negeri Mriki.

Akhiripun, Sumangga Kita Dadosaken Momentum Maulid Nabi SAW.  Minangka Margi Kanggé Manuladhani Rasulullah SAW.  Kanthi Totalitas. Manuladhani Kapribadènipun, Kepemimpinanipun, Serta Manuladhani Anggènipun Saged Mujudaken Sistem Ingkang  Sampun Kagarisaken Lan  Kacontohaken, Inggih Menika Sistem Islam, Kanthi Margi Penerapan Syariah Islam Ingkang Kaffah.

Jamaah  Jum’at  Ingkang Pinaringan Rahmating Gusti Allah SWT.

Makaten  Ingkang Saged Kula Aturaken Ing Khutbah Jum’at Menika. Hanglenggana Bilih Sedaya Kasampurnan Namung Kagunganipun Allah SWT. Samukawis Atur Kula Ingkang Leres Awit Pitedah Saking Allah SWT., Lan Rasulipun, Mangga Kita Gondhèli Kanthi Saèstu. Samukawis Atur Kula Ingkang Lepat, Awit  Saking Kirangipun Pangertosan Pribadi Kula, Mangga Kita Bucal Sak Tebihipun, Lan Mugi Panjenengan Sedaya Kersa Hanglubèraken Samudra Ing Pangarsami.

Pepuntoning Atur, Sumangga Kita Pungkasi Khutbah Menika Kanthi Ndedonga Sesarengan, Mugi Kita Sedaya Tansah Pinaringan Panjang Yuswa, Séhat Lahir Batin, Manfaat Dunia Akhérat. Pinaringan Hidayah, Inayah Lan Kekiyatan, Sahéngga Saged Dados Péranganipun Ahli Dhakwah, Ingkang Tansah Sengkut Ngrembakakaken Jejegipun Syariat Islam Kanthi Kaffah, Tansah Setya Tuhu Hanuladhani Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ngantos  Puput Yuswa Kanthi Kawontenan Husnul Khatimah,  Aamiin Ya Rabbal’alamiin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ